Posts

Showing posts from April, 2015

Baladewa

Image
Baladewa inggih menika putra Prabu Basudewa,raja Mandura saking Ibu ingkang nggadhahi asma Dewi Mahendra.Baladewa gadhah sedulur kembar yoiku Kresna.Senajan lair kembar,Baladewa lan Kresna mboten podho.Baladewa kulite putih lan Kresna kulite ireng cemani.Liyane Kresna Baladewa nggih nggadhahi adhi wadon ingkang nggadhahi asma Bratajaya alias Sumbadra. Senajan Baladewa kondhang dadi raja sing gampang muring,nanging Baladewa yo jujur,adil,lan tulus.Baladewa mboten isin nyuwun pangapura menawi salah.Ket cilik Baladewa lan adhi-adhine diungsekke lan diumpetke ing kademangan Widarakandang mergo entuk anceman arep dipateni karo Kangsadewa.Ing kademangan Widarakandang Baladewa lan adhi-adhine diasuh marang Demang Antyagopa lan Nyai Sagopi.                                   Ing njero pengungsian,Baladewa enom ingkang kagungan asma Kakrasana meguru marang resi jelmaan Batara Brama ing pertepaan Argasonya.Rampung meguru Baladewa diparingi pusaka sekti yokui gaman Nanggala ingkang nggadhahi