Baladewa

Baladewa inggih menika putra Prabu Basudewa,raja Mandura saking Ibu ingkang nggadhahi asma Dewi Mahendra.Baladewa gadhah sedulur kembar yoiku Kresna.Senajan lair kembar,Baladewa lan Kresna mboten podho.Baladewa kulite putih lan Kresna kulite ireng cemani.Liyane Kresna Baladewa nggih nggadhahi adhi wadon ingkang nggadhahi asma Bratajaya alias Sumbadra.
Senajan Baladewa kondhang dadi raja sing gampang muring,nanging Baladewa yo jujur,adil,lan tulus.Baladewa mboten isin nyuwun pangapura menawi salah.Ket cilik Baladewa lan adhi-adhine diungsekke lan diumpetke ing kademangan Widarakandang mergo entuk anceman arep dipateni karo Kangsadewa.Ing kademangan Widarakandang Baladewa lan adhi-adhine diasuh marang Demang Antyagopa lan Nyai Sagopi.                                  
Ing njero pengungsian,Baladewa enom ingkang kagungan asma Kakrasana meguru marang resi jelmaan Batara Brama ing pertepaan Argasonya.Rampung meguru Baladewa diparingi pusaka sekti yokui gaman Nanggala ingkang nggadhahi wujud angkus/moto luku.lan Alugora ingkang nggadhahi wujud gada ingkang kalih pucuk sing lancip.Ora mung niku,Baladewa nggih angsal aji Jaladara ingkang saget ibor banter,lan angasal asma Wasi Jaladara.
Baladewa kagungan garwa Erawati putri raja Salya saking negari Mandaraka lan nggadhahi kalih putra yokui Wisata lan Wimuna.Baladewa dadi raja ing Mandura nggenteni bapakke,Prabu Basudewa.Jeneng liyane Balaadewa yoiku Kakrasana,Karsana,Balarama,Wasi Jaladara,Curiganata.

Ing mangsa perang Baratayudha,Baladewa malah ora melu perang,amargi garapane Prabu Kresna.Baladewa sengaja dislametke Kresna saking kemungkinan elek sing bakal nekani,yokui kanti nyuwun Baladewa tapa ing Grojogan sewu.Tujuane ben Baladewa mboten saget mirengake suara perang.Bar perang rampung rampung,Baladewa sadar menawi Baladewa dipun apusi marang Kresna.Baladewa seda ing umur tuo,Baladewa teseh nyeksekke penobatan Prabu Parikesit dadi raja Hastinapura.Baladewa seda nyusul Kresna ingkang sampun luwih disek seda.

Comments

Popular posts from this blog

Tokoh Masyarakat

Telaga Mriwis Putih (Lake Mriwis Putih)

I'm Not Surprised..